
Puisi Oka swastika mahendra
1
Blak semelak byak
Wengi ramadan suci
Langit mbukak cahya
Tedhak wahyu
Saka Gusti Allah
Kagem Nabi Muhammad
Nuntun umat manungsa
2
Guwa Hira sepi
Nabi meneng wening
Ngupadi pitedah
Ngrasakake jaman
Peteng tanpa arah
Ati ngenteni dhawuh
Saka Gusti Allah
3
Malaikat Jibril rawuh
Nggawa dhawuh suci
Swarane gumeter
Dhuh Muhammad
iqra
Wacanen asmane
Gusti kang nitahake
Langit lan bumi
4
Nabi kaget ngendika
Kula boten saged
Maca aksara punika
Nanging dhawuh teka
Kapindo kaping telu
Iqra nganggo asmane
Gusti kang mulya
5
Blak semelak byak
Cahya iman sumunar
Madhangi donya peteng
Al Quran tumurun
Dados pitedah gesang
Pugeran langgeng
Kagem umat bumi
6
Ayat ayat pinidji
Nuntun laku becik
Maringi pepeling
Supaya manungsa
Urip adil tresna
Lan tansah eling
Marang Gusti Allah
7
Saka wahyu puniki
Tuwuh dalan pener
Lampah iman mulya
Ngibadah kanthi tulus
Ngluhurake asma
Gusti kang paring
Rahmat tanpa wates
8
Kitab suci Quran
Dados pepadhang urip
Nuntun lampah manungsa
Saka peteng dosa
Marang padhang iman
Nganti tekan suwarga
Sowan Gusti Allah
9
Blak semelak byak
Elinga wahyu nalika
Tedhak ing Hira
Dadya pituduh urip
Kanggo umat kabeh
Laku ngamal ayat
Mugi rahayu langgeng
Jogjakarta, 7 Maret 2026











